Kamis, 19 April 2012

Pernikahan Budaya Jawa

Sedayu, Senen 16 April 2012 Aku kalian Bapak lan Ibu menyang ana ing Bakal Dukuh, Sedayu, Bantul, Ngayogyakarta Hadiningrat. Neng kono arep nyumbang temanten, Sing dadi manten yaiku sadulurku dewe, kang putri mbarep saka putrane kang Mas'e ibuku.
Aku ijin, ora menyang mulang. Minggu sore aku bali, saka Semarang kiro-kiro jam papat sore. Tekan omah jam setengah wolu bengi. Aku menyang Jogja numpak Bus ramayana. Yo ndilalahe bis isih ono.

Sak tekane omah, aklu langsung adus teru nyiapake apa sing tak butuhake. Bengi-bengi numpak sepeda motor kiwo satengene galengan sawah. Rasa wedi mesti ono. Neng iso tak lakoni. Prinsipku mung siji, ora ono sing tak wedeni kecuali Gusti Yesus.

Tekan panggonan, aku disuguhi wedang lan maeman. Masyarakat bakal Dukuh, Sedayu duwe rasa gotong royong, guyub rukun. Bengi-bengi iku akeh wong-wong sing padha nyiapake sarana-prasarana kanggo upacara penganten. Aku sadurungue bingung temenan hal temanten. Apa wae sing dienggo lan disiapake. Aku ora wedi lan isin takon karo wong kono (masyarakat Bakal Dukuh). Sing iso tak serap, aku ngerti ngene...
Pangantènan iku sawijining acara ing ngendi sawijining pasangan iku janji bakal manunggal. Urutane acara pengantenan yaiku :
1. majang tarub
2. siraman
3. midodareni
4. akad nikah
5. dhaup
6. lenggahan ageng
7. jangan menir
8. sepasaran
9. selapanan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman

Acara midodaren iki diselenggara'ake mbengi bubar acara siraman. Sing hadir neng acara iki seliyane kaluarga penganten putri uga tangga-tangga cedhak lan kanca-kanca cedhak calon penganten putri. Penganten kakung lan kaluargane uga hadir neng dalèmé penganten putri ning calon penganten kakung urung diijinake ketemu langsung karo calon pasangane merga calon penganten putri urung diijinake metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah mbengi.

Siraman iku salah sijining rangkeyan neng upacara pengantenan. Upacara iki nduwe makna perlambang yaiku kanggo ngresi'ake jiwa calon manten. Acara siraman iku né upacara perlambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggaraake sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokni ing omah calon mantèn, umume ing bagian omah sing rada kabuka kaya ning plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram pisanan biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga pemaès saéngga gunggung pitu.

Uba rampé sing kudu disayogakaké antara liya arupa wadhah banyu saka bahan tembaga utawa prunggu, banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari), kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlati, kembang kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga, wedhak teles limang werna kanggo sabunan, shampo tradisional saka awu merang, duduh klapa lan banyu peresan jeruk. Bhan liyané arupa: loro klapa sing ditalèni dadi siji, kursi cilik sing dibugkus nagnggo klasa amoh, kain putih, godhong dlinga-bengle, kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa jahat, kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pula watu, kain batik motif grompol lan nagasari, andhuk, kendhi lan gayung (siwur).

Sesaji jroning acara siraman arupa tumpeng rbyong, tumpeng gundhul, panganan-panganan adhem, gedhang lan woh-wohan liyané, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulité, gula klapa, lentera, kembang telon kenanga, mlati lan kantil, pitung werna bubur, kuwé-kuwé legi, panganan saka beras ketan, ayam jago.

Sawisé rampung acara siraman dibanjuraké acara ngerik rikma (rambut), yaiku nggunting sebagéan rambut calon pengantèn putri.
Upacara adat siraman iki uga isa ditemokaké neng rangkéyan upacara pengantenan adat suku-suku liya neng Nusantara.

Tidak ada komentar: