
Ing dina Senen keluarga saka Ibu ana upacara nikahan. Aku dewekan teka neng Bakal Dukuh Sedayu Minggu bengi jam wolu. Bengi-bengi numpak sepeda motor, rasane atis banget. Kira-kira aku tekan kono jam songo, banjur istirahat nyelehke awak seng kesel iki. Esuk-esuk aku tangi esuk banjur adus ana ing sumur. Sakwise adus aku njupuk kamera Fujifilm Finepix S4000, langsung dolan-dolan neng kali Progo. Ana apa neng kono? sakdurunge aku arep jelaske dhisik soal Kali Progo. Kali Progo kuwi sawijining kali kang ngilèni Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta ing Indonesia. Kali iki sumberé saka èrèngé Gunung Sumbing ing Kabupaten Temanggung kang mili tumuju arah kidul wetan. Ing dhaérah Ngluwar, Kabupaten Magelang, Kali Progo dibendung dadi 2 kanggo sarana irigasi kanggoné masyarat Yogyakarta déning Walanda. Bendungan iki dikenal minangka "Ancol Bligo" kang dadi taman rekreasi. Irigasi kang asalé saka kali Progo ana loro, siji mili saka Ngluwar tumuju menyang arah wétan mbelah Kabupaten Sleman lan tumuju arah Kabupaten Klaten. Saluran irigasi iki dikenal minangka Selokan Mataram. Kang sijiné tumuju ana ing Kabupaten Kulonprogo. Kali Progo duwé pirang-pirang anak kali, antarane Kali Pabélan, kali Putih, kali Krasak, kali Elo kang sumberé saka gunung Merapi lan kali Tinalah saka pegunungan menorèh. Kali Progo dadi kikis/wates alami antarané Kabupatén Kulon Progo kalawan Kabupatén Magelang, Kabupatén Sléman lan Kabupatén Bantul, entèk ana ing segara kidul. Yo Ngono kuwi..
Aku kaget tenan, esuk-esuk neng Progo wis ono aktivitas. Masyarakat bakal Dukuh wis padha tangi banjur neng kali Progo kanggo golek duwit ngeruki pasir trus dileboke neng colt. Ono wong pirang-pirang ono ing kono. Yo ono ibu-ibu... Penghasilan ora akeh, kira-kira satus sewu dibagi wong lima utawa papat. (bersambung)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar