About Us

Petualangan veri iki sakjane melu-melu koyo acara neng TV koyo Petualangan panji, Bocah Petualang, Jejak Petualang, Jejak Si Gundul. Yo, Petualangan Veri iki yo "terinspirasi" seko acara kuwi mau. Nanging, ora mlebu neng acara TV Swasta koyo neng Trans 7, Antv, Trans TV lan liya-liyane. Petualangan Veri iki isine pengalaman Veri anggone Pit-Pitan, Dolanan, Plesiran lan Liya-liyane. Dasare Veri seneng Blogingan, Yo makane Veri share karo liya-liyane. Sopo reti, Njenengan sing moco sing pinarak ono ing blog iki mau iso tambah wawasane, pengetahuane.

Petualangan Veri iki sakjane durung suwe, sekitar setahun kapungkur (Juni 2010) sadurunge Petualangan Si Penyu. nah, Petualangan Penyu kuwi mbuh njupuk'e seko ngendi aku (veri) dewe ora reti. Neng sing jelas, mlakune penyu mau gremat-gremet neng pasti. Akhire petualangan iki dadi petualangan Veri soale sing nglakoni petualangan'e yo Veri. Petualangan Veri iki nek dibandingke karo petualangan liya-liyane memang bedo adoh. Petualangane lagi tingkat'e cendak mung lagi keliling Sumatra, Jawa, Lombok lan Bali. Seng jelas durung ono suponsore kabeh mau ditindakake ngganggo duwite dewe... Lha, dhewite ngalir seko adol Blog,,, eheheheh

Petualangan veri iki wes lumayan adoh, pulau Sumatra rata-rata wis dikunjungi kecuali Aceh (NAD). Provinsi Sumatra Utara, Padang Sidempuan, Medan, Brastagi, Kaban Jahe, Sitinjo Dairi, Pulau Samosir, Parapat, Nias,Siantar lan liya-liyane. Provinsi Sumatra barat: Padang, Bukit Tinggi, padang Panjang, Danau Atas, danau bawah, Pariaman, Danau Maninjau, Danau Singkarak, Lubuk Basung, Payakumbuh,Lembah harau, Ngarai Sianok - kelok 44, Pandesikek lan liya-liyane.. kuwi mung conto daerah sing wis dikunjungi.


Tidak ada komentar: